Wednesday, March 26, 2014

Serat Kalathida

Mangkya darajating praja; 
Kawuryan wus sunyaruri; 
Rurah pangrehing ukara; 
Karana tanpa palupi; 
Atilar silastuti; 
Sujana sarjana kelu; 
Kalulun kala tidha; 
Tidhem tandhaning dumadi; 
Ardayengrat dene karoban rubeda.

Ratune ratu utama; 
Patihe patih linuwih; 
Pra nayaka tyas raharja; 
Panekare becik-becik; 
Parandene tan dadi; 
Paliyasing Kala Bendu; 
Mandar mangkin andadra; 
Rubeda angrebedi; 
Beda-beda ardaning wong saknegara.

Katetangi tangisira; 
Sira sang paramengkawi; 
Kawileting tyas duhkita; 
Katamen ing ren wirangi; 
Dening upaya sandi; 
Sumaruna angrawung; 
Mangimur manuhara; 
Met pamrih melik pakolih; 
Temah suhha ing karsa tanpa wiweka.

Dasar karoban pawarta; 
Bebaratun ujar lamis; 
Pinudya dadya pangarsa; 
Wekasan malah kawuri; 
Yan pinikir sayekti; 
Mundhak apa aneng ngayun; 
Andhedher kaluputan; 
Siniraman banyu lali; 
Lamun tuwuh dadi kekembanging beka.

Ujaring panitisastra; 
Awewarah asung peling; 
Ing jaman keneng musibat; 
Wong ambeg jatmika kontit; 
Mengkono yen niteni; 
Pedah apa amituhu; 
Pawarta lolawara; 
Mundhuk angreranta ati; 
Angurbaya angiket cariteng kuna.

Keni kinarta darsana; 
Panglimbang ala lan becik; 
Sayekti akeh kewala; 
Lelakon kang dadi tamsil; 
Masalahing ngaurip; 
Wahaninira tinemu; 
Temahan anarima; 
Mupus pepesthening takdir; 
Puluh-puluh anglakoni kaelokan.

Amenangi jaman edan; 
Ewuh aya ing pambudi; 
Milu edan nora tahan; 
Yen tan milu anglakoni; 
Boya kaduman melik; 
Kaliren wekasanipun; 
Ndilalah karsa Allah; 
Begja-begjane kang lali; 
Luwih begja kang eling lawan waspada.

Beda lan kang wus santosa; 
Kinarilah ing Hyang Widhi; 
Satiba malanganeya; 
Tan susah ngupaya kasil; 
Saking mangunah prapti; 
Pangeran paring pitulung; 
Marga samaning titah Rupa sabarang pakolih; 
Parandene maksih taberi ikhtiyar.

Sakadare linakonan; 
Mung tumindak mara ati; 
Angger tan dadi prakara; 
Karana riwayat muni; 
Ikhtiyar iku yekti; 
Pamilihing reh rahayu; 
Sinambi budidaya; 
Kanthi awas lawan eling Kanti kaesthi antuka parmaning Suksma.

Ya Allah ya Rasulullah; 
Kang sipat murah lan asih; 
Mugi-mugi aparinga; 
Pitulung ingkang martani; 
Ing alam awal akhir; 
Dumununging gesang ulun; 
Mangkya sampun awredha Ing wekasan kadi pundi; 
Mula mugi wontena pitulung Tuwan

Sageda sabar santosa; 
Mati sajroning ngaurip; 
Kalis ing reh aruraha; 
Murka angkara sumingkir; 
Tarlen meleng malat sih; 
Sanistyaseng tyas mematuh; 
Badharing sapudhendha Antuk mayar sawetawis; 
Borong angga sawarga mesi martaya.